Senin, 03 Desember 2012

Curriculum Vitae ( Daftar Riwayat Hidup )

Curriculum Vitae atau disebut juga daftar riwayat hidup. Didalamnya terdapat identitas diri seseorang. Biasanya digunakan untuk melamar pekerjaan, mendaftar sekolah, dll. Dibawah ini contoh format curriculume vitae.
Curriculum Vitae

1.      Full Name                   :  
2.      Sex                              : Farmale / Male
3.      Place and date of birth :
4.      Nationality             :
5.      Address                       :
6.      Marital Status              :
7.      Religion                       :
8.      Education                    : a. Kinder garden School of . . . .
In 19 . . .
b. Elementary School of . . . . . .
In 20 . . .
c. Junior High School of . . . . .
In 20 . . .
d. Vocational High School of . .
In 20 . . .
9.      Parent’s names            : Father            :
Mother           :
10.  Parent’s Job                 : Father            :
Mother           :
11.  Height                         :
12.  Weight                        :
13.  Hobbies                      :
14.  Expectation                 :

Minggu, 02 Desember 2012

danboo lucuuu







Sandiwara Bahasa Jawa

SANDIWARA

TEMA                         : Pawiyatan
IRAH-IRAHAN        : Ajining Soko Kajujuran
PARAGA                   :
1.      Marsa Aya Hida ( Marsa )
Watake    : Jujur, sopan, apik ati, tanggung jawab.
2.      Pak Aji Wijaya ( Bapake Marsa )
Watake    : Eman karo anake, apik.
3.      Bu Cahya Gumelar ( Ibune Marsa )
Watake    : Apik.
4.      Pak Iqbal Raehan ( Wali Kelas XII.7 )
Watake    : Eman, bijaksana.
5.      Siska Indah Cintari ( Sahabat Marsa )
Watake    : Eman karo kanca, ora sombong
6.      Bu Arda ( Guru Matematika )
7.      Ida Putra
8.      Aldi Ari Ramadan
9.      Riski Tio Putra

LATAR CERITA       : 1. Njero kelas XII.7
2. Ruang tamu umahe Marsa.
3. Ruange Pak Iqbal

ALUR CERITA         :  Alur Maju lan Alur Mundur
Marsa Aya Hida murid kelas XII.7. Ing sawijining dinten murid-murid kelas XII.7 pelajaran Matematika, lan gurunipun badhe ngawontenaken ulangan dhadakan. Suasananipun tentrem murid-murid sami garap ulangan kanti tenan. Wekdalnipun sampun langkung saking 30 menit. 10 menit salajajengipun wali kelas XII.7 dhateng kelas badhe maringi pangertosan babagan ulangan semester gasal. Pak AJi nyebatake nami-nami murid ingkang dhereng lunas bayar SPP dugi November, salah satunggalnipun Marsa. Marsa dhereng bayar SPP 3 wulan amargi Bapak Marsa dipun kengken sowan wonten Pak Aji wonten sekolah. Wekdalnipun murid-murid wangsul sekolah, namun Marsa teksih ngelamun wonten ing kelas. Siska rencangnipun Marsa dhateng wonten Marsa.
Kaluarganipun Marsa saweg lengganhan wonten ing ruang tamu. Marsa crita sedaya masalahnipun dhateng Siska. Seduginipun Marsa wonten ndalem lajeng crita nopo wontenipun dhateng bapak lan ibunipun. Enjing wanci  10  Pak Aji sowan dhateng Pak Iqbal wonten ing sekolahanipun Marsa. Pak Aji crita sedaya kejadian ingkang nyebabake Marsa dhereng saged bayar SPP. Pak Iqbal mbiyantu keluarganipun Marsa kangge mbayar SPP. Akhirnipun Marsa ngrasa bingah amargi dinten Senen ngenjang sampun saged nderek ulangan.
 ***
Njero kelas XII.7

Murid-murid kelas XII.7 pelajaran Matematika, lan gurunipun badhe ngawontenaken ulangan dhadakan.
Bu Arda          : “ Murid-murid uwis rampung urung nulise?”
Murid-murid   : “ Sampun bu guru.”
Bu Arda          : “ Yah uwis nek kaya kue siki lebokna bukune maring tas lan  ibu arep nganakaken  ulangan dhadakan.”
Cika                 : “ Ulangan nopo malih bu?  Nembe mawon 2 dinten kolo wingi sampun ulangan bu.”
Murid-murid   : “ Enggih bu ulangan nopo malih?”
Bu Arda          : “ Uwis ora usah padha brisik. Bagas tulung bagikaken kertas folio maring kanca-kancane!”
Bagas              : “ Enggih bu ( mlaku mbagikaken kertas folio ).”
Bu Arda          : “Kiye soal ulangane siji tekan lima. Aja kelalen tulis kode soale tengen utawa kiwe. Wektu kanggo nggarap 30 menit. Cepet digarap aja padha crita dhewek bae, digarap dhewek-dhewek aja padha turun-turunan.” 
Murid-murid   : “ Enggih bu guru.”

Suasananipun tentrem murid-murid sami garap ulangan kanti tenan. Wekdalnipun sampun langkung saking 30 menit.
Bu Arda          : “ Murid-murid waktune uwis entek, saiki jawaban dikumpulaken!”
Murid-murid   : ( Maju ming ngarep kelas ngumpulaken ulangan )

10 menit salajajengipun wali kelas XII.7 dhateng kelas badhe maringi pangertosan babagan ulangan semester gasal.
Pak Iqbal         : “ Assalamu’alaikum wr.wb.”
Murid-murid   : “ Wa’alaikumsalam wr.wb.”
Pak Iqbal         : “ Bocah-bocah kelas XII.7, dina Senen ngarep tanggal 19 November 2012 arep ana ulangan semester ganjil. Mulane dikarepkaken kon padha bayar SPP tekan bulan November. Terakhir bayar dina Kemis tanggal 8 November 2012 padha  karo surat sing olih sekang sekolah. Lah pak guru arep nyebutaken jeneng bocah-bocah sing urung bayar SPP tekan bulan November, yakuwe : Riski, Ida, Aldi, lan Marsa lah arep padha dibayar kapan siki uwis dina Selasa.”
Ida & Aldi      : “ Kula sampun dibayar wau pak kaliyan bendahara.”
Pak Iqbal         : “ Syukur lah nek uwis dibayar, terus Riski karo Marsa arep bayar kapan?”
Riski                : “ Ngenjang pak, wau sampun diparingi arta namun kesupen mboten kebekto.”
Pak Iqbal         : “ Iya uwis ora papa, sing penting aja dienggo jajan.”
Riski                : “ Mboten pak lah.”
Pak Iqbal         : “ Marsa kirane kapan arep mbayar SPP?”
Marsa              : “ Em..emm… kadose kula dereng saged bayar SPP pak, amargi Bapak kula dereng kagungan arta.”
Pak Iqbal         : “ Lah arep dibayar kapan Sa? Padahal SPP kurang 3 wulan, nek tetep urung dibayar tekan bulan November berarti ora bias olih kartu ulangan.”
Marsa              : “ Lajeng kados pundi kula pak?”
Pak Iqbal         : “ Iya nek kaya kuwe, seapike ngesuk Bapak utawa Ibu kon maring sekolah nemoni Pak Iqbal.”
Marsa              : “ Enggih pak, mangke kula sampekaken dhateng Bapak.”
Pak Iqbal         : “ Iya uwis bocah-bocah, mulai siki padha rajin sinau ben bisa garap soal ulangan.”
Murid-murid   : “ Enggih pak guru.”

Wekdalnipun murid-murid wangsul sekolah, namun Marsa teksih ngelamun wonten ing kelas. Siska rencangnipun Marsa dhateng wonten Marsa.
Marsa              : “ Aku kudu kepriwe ya, SPP telu wulan urung dibayarna gara-gara wingi duite ilang. ( Bingung ).”
Siska                : “ Sa, deneng urung bali tumben?( Mlaku nemoni Marsa nang korsi ).”
Marsa              : “ Lagi males bali koh Sis.”
Siska                : “ Males kenang apa? Apa lagi ana masalah nang umah Sa, nek ana masalah ya crita mbok jere sapa aku teyeng ngrewangi Sa.”
Marsa              : “ Sis, jujur ya, sebenere aku uwis diwei duit SPP go bayar tekan bulan November tapi. . .( Nangis )”
Siska                : “ Tapia pa Sa, aja nangis lah.”
Marsa              : “ Tapi wingi pas mangkat sekolah duite ilang nang mikro Sis. Aku bingung kudu kepriwe sis. Lah ngesuk bapakku kon ming sekolah kone Pak Iqbal, lah aku kudu ngomomg kepriwe maring maring bapak ya Sis?”
Siska                : “ Mending engko nek nang umah ko crita apa anane ming Bapak lan Ibu, soale nek ora kaya kue bias juga Bapak, Ibu, Pak Iqbal nganggep nek duit kue di enggo nang ko Sa.”
Marsa              : “ Iya ya Sa.”
Siska                : “ Ya uwis nek kaya kue siki dewek bali yuh, mbok di goleti kaya wene urung bali.”
Marsa              : “ Ya yuh sis bali bareng. Kesuwun ya Sis, uwis gelem rungukna critane aku.”
Siska                : “ Ok, yuh. ( Bali mlaku gandhengan )”
***
 Ruang tamu umahe Marsa.

Kaluarganipun Marsa saweg lengganhan wonten ing ruang tamu.
Marsa              : “ Nyuwun sewu pak, bu. Marsa badhe matur kaliyan bapak lan ibu babagan arta kangge bayar SPP.”
Bu Cahya        : “ Kenang apa mbok wingi duite wis diwei kan Ibu.”
Marsa              : “ Kados niki bu. Engggih kolo wingi arta sampun diparingaken, lajeng wekdal pangat sekolah numpak mikro artanipun ical Pak, Bu.( Ndekukul )”
Bu Cahya        : “ Lah terus kepriwe? Mbok Senen ngesuk uwis mulai ulangan Sa? Tapi Ibu uwis ora due duit Sa.”
Marsa              : “ Ibu utawi Bapak ngenjang dipun dhawuhi sowan dhateng Pak Iqbal wonten sekolah.”
Pak Aji            : “ iy nek kaya kue ngesuk Bapak bae sing ming sekolah, soale melasi Ibu nembe mari.”
Marsa              : “ Enggih sampun Pak, Bu. Ngapunten sanget Marsa sampun repoti Bapak kaliyan Ibu.
Pak Aji            : “ Uwis wengi nganah bubu Sa!”
Marsa              : ( Mlaku nuju kamar ).
***
Enjing wanci  10  Pak Aji sowan dhateng Pak Iqbal wonten ing sekolahanipun Marsa.
Ruange Pak Iqbal
Pak Aji            : “( tok, tok, tok, tok) assalamu’alaikum.”
Pak Iqbal         : “ ( mlaku mbukak lawang ) wa’alaikumsalam, monggo pak pinarak!”
Pak Aji            : “ Matur nuwun. ( Tumuju korsi lan lenggah )”
Pak Iqbal         : “ Nyuwun sewu, bapake Marsa enggih?”
Pak Aji            : “ Enggih. Kados niki pak, sowan kula mriki terosipun Marsa menawi dhereng bayar SPP dugi bulan November dipun utus sowan dhateng Pak Iqbal.”
Pak Iqbal         : “ Enggih mekaten Pak, Marsa menika dherang bayar SPP 3 wulan, lah ngenjang Senen badhe Ulangan, lajeng menawi dhereng bayar SPP mboten angsal ndherek ulangan mekaten pak. Nyuwun sewu bapak dhereng kagungan arta napa arta sampun diparingaken kaliyan Marsa namun mboten kangge mbayar teng Marsa?”
Pak Aji            : “ Kados niki pak, dinten Senen kolo wingi Marsa sampun diparingi arta
Rp 300.000, lajeng Marsa wau ndalu crita menawi arta nipun ical wonten mikro. Lah saniki kula dhereng kagungann arta malih kangge bayar SPP.”
Pak Iqbal         : “ Oh, kados niku. Niki wonten sekedik rejeki saged kangge mbiantu SPP Marsa. ( Ngetokna duit lan ngewehna maring Pak Aji ).”
Pak Aji            : “ Mboten usah nyusahaken Pak ( Merendah ).”
Pak Iqbal         : “ Mboten napa-napa Pak, Marsa anaknipun pinter, sopan, sae atinipun kaliyan rencang-rencang lan guru-guru.”
Pak Aji            : “ Matur nuwun sanget Pak. Nyuwun sewu badhe pamitan rumiyin Pak. ( Menyat sekang korsi )”
Pak Iqbal         : “ Enggih monggo Pak, ngatos-ngatos. ( Salaman )”
Pak Aji metu sekang ruangane Pak Iqbal, terus bali.
***

Sore-sorenipun Marsa, lan Pak AJi saweg ningali TV.
Pak Aji            : “ Sa, mau bapak uwis maring sekolahmu nemoni Pak Aji.”
Marsa              : “ Lajeng kados pundhi Pak?”
Pak Iqbal         : “ SPP uwis dibayarna, palah mau duit diwei nang Pak Aji Rp. 300.000. Bapak palah ora kepenak banget maring Pak Aji Sa. Tapi Pak Aji atine sae banget Sa.”
Marsa              : “ Enggih pak, Pak Aji menika guru ingkang sae sanget atinipun. Marsa matur nuwun sanget Pak lan nganpunten sampun ngrepoti bapak.”
Pak Aji            : “ Iya Sa, sing penting ko siki uwis bias melu tes ngesuk Senen. Uwis nganah siki sinau Sa ben pinter.
Marsa              : “ Enggih sampun saniki Marsa badhe sinau rumiyin, nyuwun sewu Pak. ( Nuju kamar arep sinau )
            Akhirnipun Marsa ngrasa bingah amargi dinten Senen ngenjang sampun saged nderek ulangan.
***