Rabu, 05 Desember 2012
Senin, 03 Desember 2012
Curriculum Vitae ( Daftar Riwayat Hidup )
Curriculum Vitae atau disebut juga daftar riwayat hidup. Didalamnya terdapat identitas diri seseorang. Biasanya digunakan untuk melamar pekerjaan, mendaftar sekolah, dll. Dibawah ini contoh format curriculume vitae.
Curriculum
Vitae
1. Full
Name :
2. Sex : Farmale / Male
3. Place
and date of birth :
4. Nationality :
5. Address :
6. Marital
Status :
7. Religion :
8. Education : a. Kinder garden School of
. . . .
In 19 . . .
b. Elementary School of
. . . . . .
In 20 . . .
c.
Junior High School of . . . . .
In 20 . . .
d. Vocational High School of . .
In 20 . . .
9. Parent’s
names : Father :
Mother :
10. Parent’s
Job :
Father :
Mother :
11. Height :
12. Weight :
13. Hobbies :
14. Expectation :
Minggu, 02 Desember 2012
Sandiwara Bahasa Jawa
SANDIWARA
TEMA : Pawiyatan
IRAH-IRAHAN : Ajining Soko Kajujuran
PARAGA :
1. Marsa
Aya Hida ( Marsa )
Watake : Jujur, sopan, apik ati, tanggung jawab.
2. Pak
Aji Wijaya ( Bapake Marsa )
Watake : Eman karo anake, apik.
3. Bu
Cahya Gumelar ( Ibune Marsa )
Watake : Apik.
4. Pak
Iqbal Raehan ( Wali Kelas XII.7 )
Watake : Eman, bijaksana.
5. Siska
Indah Cintari ( Sahabat Marsa )
Watake : Eman karo kanca, ora sombong
6. Bu
Arda ( Guru Matematika )
7. Ida
Putra
8. Aldi
Ari Ramadan
9. Riski
Tio Putra
LATAR CERITA :
1. Njero kelas XII.7
2.
Ruang tamu umahe Marsa.
3.
Ruange Pak Iqbal
ALUR CERITA : Alur Maju lan Alur Mundur
Marsa Aya Hida murid
kelas XII.7. Ing sawijining dinten murid-murid kelas XII.7 pelajaran Matematika, lan gurunipun
badhe ngawontenaken ulangan dhadakan. Suasananipun tentrem
murid-murid sami garap ulangan kanti tenan. Wekdalnipun sampun langkung saking
30 menit. 10 menit salajajengipun wali kelas XII.7 dhateng kelas badhe
maringi pangertosan babagan ulangan semester gasal. Pak AJi nyebatake nami-nami
murid ingkang dhereng lunas bayar SPP dugi November, salah satunggalnipun
Marsa. Marsa dhereng bayar SPP 3 wulan amargi Bapak Marsa dipun kengken sowan
wonten Pak Aji wonten sekolah. Wekdalnipun murid-murid wangsul sekolah,
namun Marsa teksih ngelamun wonten ing kelas. Siska rencangnipun Marsa dhateng
wonten Marsa.
Kaluarganipun Marsa
saweg lengganhan wonten ing ruang tamu. Marsa crita sedaya masalahnipun dhateng
Siska. Seduginipun Marsa wonten ndalem lajeng crita nopo wontenipun dhateng
bapak lan ibunipun. Enjing wanci 10 Pak Aji sowan dhateng Pak Iqbal wonten ing
sekolahanipun Marsa. Pak Aji crita sedaya kejadian ingkang nyebabake Marsa
dhereng saged bayar SPP. Pak Iqbal mbiyantu keluarganipun Marsa kangge mbayar
SPP. Akhirnipun Marsa ngrasa bingah amargi dinten Senen ngenjang sampun saged
nderek ulangan.
Murid-murid
kelas XII.7 pelajaran Matematika, lan gurunipun badhe ngawontenaken ulangan
dhadakan.
Bu Arda : “ Murid-murid uwis rampung urung
nulise?”
Murid-murid : “ Sampun bu guru.”
Bu Arda :
“ Yah uwis nek kaya kue siki lebokna bukune maring tas lan ibu arep nganakaken ulangan dhadakan.”
Cika :
“ Ulangan nopo malih bu? Nembe mawon 2
dinten kolo wingi sampun ulangan bu.”
Murid-murid : “ Enggih bu ulangan nopo malih?”
Bu Arda : “ Uwis ora usah padha brisik. Bagas
tulung bagikaken kertas folio maring kanca-kancane!”
Bagas : “ Enggih bu ( mlaku mbagikaken
kertas folio ).”
Bu Arda :
“Kiye soal ulangane siji tekan lima. Aja kelalen tulis kode soale tengen utawa
kiwe. Wektu kanggo nggarap 30 menit. Cepet digarap aja padha crita dhewek bae,
digarap dhewek-dhewek aja padha turun-turunan.”
Murid-murid : “ Enggih bu guru.”
Suasananipun tentrem murid-murid sami garap ulangan
kanti tenan. Wekdalnipun sampun langkung saking 30 menit.
Bu
Arda : “ Murid-murid waktune uwis
entek, saiki jawaban dikumpulaken!”
Murid-murid : ( Maju ming ngarep kelas ngumpulaken
ulangan )
10 menit salajajengipun
wali kelas XII.7 dhateng kelas badhe maringi pangertosan babagan ulangan
semester gasal.
Pak
Iqbal : “ Assalamu’alaikum wr.wb.”
Murid-murid : “ Wa’alaikumsalam wr.wb.”
Pak Iqbal : “ Bocah-bocah kelas XII.7, dina Senen ngarep tanggal 19
November 2012 arep ana ulangan semester ganjil. Mulane dikarepkaken kon padha
bayar SPP tekan bulan November. Terakhir bayar dina Kemis tanggal 8 November
2012 padha karo surat sing olih sekang
sekolah. Lah pak guru arep nyebutaken jeneng bocah-bocah sing urung bayar SPP
tekan bulan November, yakuwe : Riski, Ida, Aldi, lan Marsa lah arep padha
dibayar kapan siki uwis dina Selasa.”
Ida & Aldi : “ Kula sampun dibayar wau pak kaliyan bendahara.”
Pak Iqbal : “ Syukur lah nek uwis dibayar, terus Riski karo Marsa arep
bayar kapan?”
Riski :
“ Ngenjang pak, wau sampun diparingi arta namun kesupen mboten kebekto.”
Pak Iqbal : “ Iya uwis ora papa, sing penting aja dienggo jajan.”
Riski :
“ Mboten pak lah.”
Pak Iqbal : “ Marsa kirane kapan arep mbayar SPP?”
Marsa :
“ Em..emm… kadose kula dereng saged bayar SPP pak, amargi Bapak kula dereng
kagungan arta.”
Pak Iqbal : “ Lah arep dibayar kapan Sa? Padahal SPP kurang 3 wulan,
nek tetep urung dibayar tekan bulan November berarti ora bias olih kartu
ulangan.”
Marsa :
“ Lajeng kados pundi kula pak?”
Pak Iqbal : “ Iya nek kaya kuwe, seapike ngesuk Bapak utawa Ibu kon
maring sekolah nemoni Pak Iqbal.”
Marsa :
“ Enggih pak, mangke kula sampekaken dhateng Bapak.”
Pak Iqbal : “ Iya uwis bocah-bocah, mulai siki padha rajin sinau ben bisa
garap soal ulangan.”
Murid-murid : “ Enggih pak guru.”
Wekdalnipun murid-murid wangsul sekolah, namun Marsa
teksih ngelamun wonten ing kelas. Siska rencangnipun Marsa dhateng wonten Marsa.
Marsa :
“ Aku kudu kepriwe ya, SPP telu wulan urung dibayarna gara-gara wingi duite ilang.
( Bingung ).”
Siska :
“ Sa, deneng urung bali tumben?( Mlaku nemoni Marsa nang korsi ).”
Marsa :
“ Lagi males bali koh Sis.”
Siska :
“ Males kenang apa? Apa lagi ana masalah nang umah Sa, nek ana masalah ya crita
mbok jere sapa aku teyeng ngrewangi Sa.”
Marsa :
“ Sis, jujur ya, sebenere aku uwis diwei duit SPP go bayar tekan bulan November
tapi. . .( Nangis )”
Siska :
“ Tapia pa Sa, aja nangis lah.”
Marsa :
“ Tapi wingi pas mangkat sekolah duite ilang nang mikro Sis. Aku bingung kudu
kepriwe sis. Lah ngesuk bapakku kon ming sekolah kone Pak Iqbal, lah aku kudu
ngomomg kepriwe maring maring bapak ya Sis?”
Siska :
“ Mending engko nek nang umah ko crita apa anane ming Bapak lan Ibu, soale nek
ora kaya kue bias juga Bapak, Ibu, Pak Iqbal nganggep nek duit kue di enggo
nang ko Sa.”
Marsa :
“ Iya ya Sa.”
Siska :
“ Ya uwis nek kaya kue siki dewek bali yuh, mbok di goleti kaya wene urung
bali.”
Marsa :
“ Ya yuh sis bali bareng. Kesuwun ya Sis, uwis gelem rungukna critane aku.”
Siska :
“ Ok, yuh. ( Bali mlaku gandhengan )”
***
Kaluarganipun
Marsa saweg lengganhan wonten ing ruang tamu.
Marsa :
“ Nyuwun sewu pak, bu. Marsa badhe matur kaliyan bapak lan ibu babagan arta
kangge bayar SPP.”
Bu
Cahya : “ Kenang apa mbok wingi
duite wis diwei kan Ibu.”
Marsa :
“ Kados niki bu. Engggih kolo wingi arta sampun diparingaken, lajeng wekdal
pangat sekolah numpak mikro artanipun ical Pak, Bu.( Ndekukul )”
Bu Cahya :
“ Lah terus kepriwe? Mbok Senen ngesuk uwis mulai ulangan Sa? Tapi Ibu uwis ora
due duit Sa.”
Marsa :
“ Ibu utawi Bapak ngenjang dipun dhawuhi sowan dhateng Pak Iqbal wonten sekolah.”
Pak Aji :
“ iy nek kaya kue ngesuk Bapak bae sing ming sekolah, soale melasi Ibu nembe
mari.”
Marsa :
“ Enggih sampun Pak, Bu. Ngapunten sanget Marsa sampun repoti Bapak kaliyan
Ibu.
Pak Aji :
“ Uwis wengi nganah bubu Sa!”
Marsa :
( Mlaku nuju kamar ).
***
Enjing
wanci 10
Pak Aji sowan dhateng Pak Iqbal wonten ing sekolahanipun Marsa.
Ruange Pak Iqbal
Pak
Aji : “( tok, tok, tok, tok)
assalamu’alaikum.”
Pak
Iqbal : “ ( mlaku mbukak lawang )
wa’alaikumsalam, monggo pak pinarak!”
Pak
Aji : “ Matur nuwun. ( Tumuju
korsi lan lenggah )”
Pak
Iqbal : “ Nyuwun sewu, bapake
Marsa enggih?”
Pak Aji :
“ Enggih. Kados niki pak, sowan kula mriki terosipun Marsa menawi dhereng bayar
SPP dugi bulan November dipun utus sowan dhateng Pak Iqbal.”
Pak Iqbal : “ Enggih mekaten Pak, Marsa menika dherang bayar SPP 3
wulan, lah ngenjang Senen badhe Ulangan, lajeng menawi dhereng bayar SPP mboten
angsal ndherek ulangan mekaten pak. Nyuwun sewu bapak dhereng kagungan arta
napa arta sampun diparingaken kaliyan Marsa namun mboten kangge mbayar teng
Marsa?”
Pak
Aji : “ Kados niki pak, dinten
Senen kolo wingi Marsa sampun diparingi arta
Rp
300.000, lajeng Marsa wau ndalu crita menawi arta nipun ical wonten mikro. Lah
saniki kula dhereng kagungann arta malih kangge bayar SPP.”
Pak
Iqbal : “ Oh, kados niku. Niki
wonten sekedik rejeki saged kangge mbiantu SPP Marsa. ( Ngetokna duit lan
ngewehna maring Pak Aji ).”
Pak
Aji : “ Mboten usah nyusahaken
Pak ( Merendah ).”
Pak
Iqbal : “ Mboten napa-napa Pak,
Marsa anaknipun pinter, sopan, sae atinipun kaliyan rencang-rencang lan
guru-guru.”
Pak
Aji : “ Matur nuwun sanget Pak.
Nyuwun sewu badhe pamitan rumiyin Pak. ( Menyat sekang korsi )”
Pak
Iqbal : “ Enggih monggo Pak,
ngatos-ngatos. ( Salaman )”
Pak
Aji metu sekang ruangane Pak Iqbal, terus bali.
***
Sore-sorenipun Marsa, lan Pak AJi saweg
ningali TV.
Pak Aji : “ Sa, mau bapak uwis maring
sekolahmu nemoni Pak Aji.”
Marsa : “ Lajeng kados pundhi Pak?”
Pak Iqbal : “ SPP uwis dibayarna, palah mau duit
diwei nang Pak Aji Rp. 300.000. Bapak palah ora kepenak banget maring Pak Aji
Sa. Tapi Pak Aji atine sae banget Sa.”
Marsa : “ Enggih pak, Pak Aji menika
guru ingkang sae sanget atinipun. Marsa matur nuwun sanget Pak lan nganpunten
sampun ngrepoti bapak.”
Pak Aji : “ Iya Sa, sing penting ko siki
uwis bias melu tes ngesuk Senen. Uwis nganah siki sinau Sa ben pinter.
Marsa : “ Enggih sampun saniki Marsa
badhe sinau rumiyin, nyuwun sewu Pak. ( Nuju kamar arep sinau )
Akhirnipun Marsa ngrasa bingah amargi dinten Senen
ngenjang sampun saged nderek ulangan.
***
Langganan:
Postingan (Atom)